Selasa, 06 Desember 2011

TANAH NEGORO 6,8 HEKTAR SING NGUNTAL SOPO??!!!

RENCANA pabrik gulo ning Todanan, Blora koyone dadi salah siji bahan rembugan ning warung kopi lan lesehan masyarakat Blora. Ning nganti tekan seprene opo sing dijanjekke karo pemerintah kanggo ningkatke perekonomian rakyate iseh adoh seko kenyataan. Mergo mburu bathi cepet, aturan hukum sing ono podho diterak lan dilanggar. Prosese dadine kebat kliwat. Barang ngerti nek kuwi pelanggaran hukum cemat-cemot bingung endhase. Piwulang “bener” lan “pener’’ jaman saiki podho disingkur. Isine mung ngoyak bener thok, ning ora pener. Mulane, jejeging adil isih neng lambe thok! Sing dening wong akeh dianggep bener, jebul malah keblinger. Yo mergo ora ono sing bisa ditulad, ora ono sing pantes diconto jalaran kabeh-kabeh wis mletho. Wektu terus mlaku. Uru-ara ora mendho ning malah soyo ndodro. Pangarep-arep soyo ora genep bebarengan karo janji lan prasetyo sing ora digondheli maneh. Sing ono mung mburu karepe dhewe, mburu kepenake dhewe, lan mburu benere dhewe. Ora gumun, pancen sebagian wong Blora dhemen urik. Ora gedhe, ora cilik, akeh sing seneng urik. Ora sing ning ngisor, ora sing ning nduwur. Ana sing seneng dolanan dhelik-dhelikan, umpet-umpetan, sing sejatine melik barang kang melok mergo kesusu muluk. Iku sebagian atine wong Blora –kuwi mono yen gelem ngakoni. Urik tegese sakalan, pinter apus krama, senengane mbliduki. Mbulet. Seneng nyandiwara: goroh. Lha, jebulane kepengin golek untung. Untunge dhewe sing diubres, sokur kelompoke, njur wani dolanan tembung. Wong dhemen urik, uripe ora karuwan, mergo atine pijer kepengin ngakali wong, ben bathine mili menyang awake dhewe. Kedadeyan iki ono ning kuthane awake dewe, yokuwi rencana arep bangun Pabrik Gulo ning Tinapan, cedhake Waduk Brentolo, Todanan, Blora. Mung mergo “lidah tak bertulang” janji sak penake, nganti seprana-seprene ora ono buktine. Tanah Pramuka sing arep dienggo pabrik sing mustine 27, 0705 hektar diukur lan diunekke mung 20,2091 hektar! Selisih lemah sing ambane kurang luwih 6,8614 hektar sing nguntal sopo??? Iki dudu sulap dudu sihir!!! Nek gak ono kongkalikong ndak iso!!! Mula ono tembung: manising rembug kaya kapuk, empuk, ning kopong mlompong. Sing dioyak siji thil, bathine dhewe, najan wong liya mlongo, dho pecah endhase, alam lingkungan dadi rusak ajur mumur, awake dhewe gela-gelo, seneng atine, mergo bathi akeh wis mlebu sak celanane!! Nganti seprene durung ana sanksi kanggo wong sing dolanan ilat kuwi. Obahe ilat kuwi pancen sing kanggo gaman urik. Yen ilate wis ngilat ula, wah, akeh cawang-cawange, tur ngemu upas mandi. Ora wurung bakal ana korban. Wong-wong cilik biasane sing nampa akibate. Coba itungen! Pira sertipikat tanahe petani sing dienggo anggunan ning Bank kanggo njupuk duit silehan? Pira wae duit sing wis diplayokake petani kanggo modal nandur tebune? Lha nek jebule lahan awujud lemah sing arep dienggo pabrik gula wae wis kawit biyen bermasalah opo kuwi ora ateges njlomprongno poro petani tebu ning masalah ruwet bin mbulet iki? Ngenani lemah Pramuka ± 6,8 hektar sing ilang kudu ndang digoleki. Pihak-pihak mulai seko Lurah Tinapan, wong-wong Kantor Pertanahan Blora, wong Kwarcab Pramuka Blora, wong Pemkab Blora nganti tekan wong pabrik gula PT. Gendhis Multi Manis lan pihak-pihak sing berkaitan karo masalah iki kudu ndang diseret, ditakoki, digoleki endi sing dadi akal pukil lan underaning masalah!!! Sebab urik kuwi akal-akalan, jiwa kancil, sing golek slamete dhewe. Genahe, wong sing seneng urik kuwi merga duwe gegayuhan kumel. Pepenginan sing mburu wudele dhewe. Sapa sing urik, biasane tetep njelehi. Urik tetep sok ngrugekke wong liya. Horotoyo, piye nek kepleset, njekenthang, trus klenger to! Pesene para tuwo: “Ojo mangan lemah negoro, iso kuwalat lan dadi beboyo!!!” Mergo sing ditilep kuwi lemah negoro dadi yo ugo kewajibane masyarakat koyo awake dewe iki kanggo ngerteni lan ugo ngawasi. Ayo coba podho disekseni bareng-bareng, opo yo wong-wong sing dilaporke mergo urik lan akal-akalan kuwi akhire mlebu ruji wesi opo bebas mergo nganggo amplop sing isi duit gebokan. Sawangen kanthi heneng-hening awas eling. Tenan. Sing ketoke ngguya-ngguyu, jebul dha nggembol watu. Sing ketoke nyanyi-nyanyi, karaokenan, rengeng-rengeng, uga madhahi kreneng. Priyagung luhur, sing katone mesam-mesem, alus putih koyo kuntul, ning jebul atine dhandhang (gagak) ireng. Kabeh ngemu pamrih. Jaman edan. Sing kebak pengati-ati!!!
* * * * * * * * * * * * * *

Tidak ada komentar:

Posting Komentar